Kamis, 06 Juli 2017

Falsafah jawa ~ 10 wong kang sejatine begjo banget ( 10 orang yang sebenarnya beruntung ).

1.Begjo banget wong kang hanggedhekake prihatin awit iku wong kang bakal ngrasakake ketentraman, nampani pelipur mareming ati.
2. Begjo banget wong kang lembah manah serto Sareh ing Budi, awit iku kang bakal nampani sakehing warisan kang nyukupi.
3. Begjo banget wong kang nganti keluwen Sarto ngorong, awit iku bakal ngrasakake panganan kang miroso Sarto ngombe omben- ombenan kang seger nganti wareg.
4. Begjo banget wong kang ambeg welasan,awit iku kang oleh piwaleso becik,serto Mengku rojo brono kang agung.
5. Begjo banget wong kang resik pikire , awit iku kang diedohi ing doso Sarto sumurup ing pangeran.
6. Begjo banget wong kang dhemen ngrukunake pasulayan , awit iku kang bakal dadi pangungsen Sarto oleh katresnan.
7.Begjo banget wong kang kaoprak - oprak amargo lakune kang bener, awit iku kang bakal manggon ing kamulyan.
8. Begjo banget wong kang diwodo lan cinacat ,awit iku kang bakal dadi pilihan Sarto disuyudi ing wong akeh.
9. Begjo banget wong kang di olo - olo awit iku kang bakal luput Soko ing rencono.
10.Sing diladeni Ono ing donyo Iki sopo, dene ora kiro- kiro temen anggone nglakoni ,ragane tansah di pleter pleterake, saya suwe saya rusak mung manggung hanglakoni wae.

Tidak ada komentar: