Senin, 19 Juni 2017

Budaya jawi ~ Nggiarno acara selametan / kenduri sebelum ijab qobul.

Acara syukuran ijab qobul biasanya diadakan sebelum calon pengantin melakukan ijab qobul, tujuan syukuran itu yaitu memohon Do'a Restu pada tamu undangan agar diberikan kelancaran acara,dan memberikan doa agar pengantin di kemudian hari dapat menjadi keluarga yang sakinah mawadah warohmah dan lain-lain.
Berikut adalah contoh atur Pambagyo ataupun pamedar Sabdo menerangkan acara sebelum pembacaan Do'a.

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh,

Alhamdulillahirobbil alamiin wa bihi nasta'inuhu ala umuriddun'ya waddin, washolatu ala asrofil anbiya'i wal murshaliin Sayidina wa Maulana muhammadin wa Alaa alihi wasohbihi ajma'in, laa Haula walaa quwwata Illa billahi aliyyil adzim,
Qolallohu ta'ala fil Qur'anil kariim,robbi syohli Shodri wayassirli Amri wahlul uqdatal millisani yafkohul kouli Ama ba'du,,

Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinurmatan, dumateng bopo kyai ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci,  dumateng poro tamu undangan ingkang dahat kinurmatan ugi.

Poro rawuh ingkang dahat kinurmatan,ing ngriki Kulo minongko dados sesulihipun bopo Suharto sekalian saperlu medharaken menopo ingkang dados hajatipun.

Nanging poro rawuh ,sakderengipun Kulo ngaturaken nopo ingkang dados hajatipun bopo Suharto sekalian,sumonggo Kito sesarengan nguntapaken Raos suka syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten nikmat ingkang arupi nikmat kesehatan,kesempatan langkung langkung nikmat iman lan Islam sahinggo Kulo dalah panjenengan sedoyo Tasik dipun takdiraken Allah SWT saget makempal wonten dalemipun bopo Suharto Kanti wilujeng mboten wonten alangan setunggal menopo menuhi nopo ingkang dados undanganipun,

Mboten katalompen sholawat Soho salam Mugi tansah kaaturaken dumateng junjungan Kito nabi agung Muhammad SAW,mugi Mugi Kulo dalah panjenengan sedoyo mbenjang ing Yaumil kiyamah saget pikantuk syafaatipun dipun akoni dados umatipun sahinggo saget nderekaken lampah labuhanipun.

Poro rawuh ingkang dahat kinurmatan,Bopo Suharto sekalian lumantar Kulo ngaturaken Gung panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng panjenengan ingkang kerso nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menopo ingkang dados undanganipun, bopo Suharto amung saget ndedongo mugi Allah mbales kesaenan panjenengan kelawan balasan ingkang langkung sae,

Saklajengipun bopo Suharto nyuwun  pangapunten sak kathah kathahipun dumateng panjeneng sami, ambok bilih anggenipun paring pasugatan dalah panggenan kirang mranani wonten penggalih panjenengan.

Ewondene tujuanipun bopo Suharto sekalian ing dalu meniko ngaturi rawuh panjenengan inggih meniko nyuwun tambah dongo Pangestu panjenengan anggenipun keagungan hajat,
Hajatipun bopo Suharto sekalian dinten meniko nun inggih badhe nikahaken putrinipun ingkang paring Asmo Dyah ayu.... Ingkang Bade Mangun balewismo Enggal kalian roko mas ...... Atmojo kakung saking bopo... Ingkang pidalem wonten tlatah... Kecamatan... Kabupaten....
Mugi-mugi ijab qobul ingkang badhe kelaksanan benjeng Purwo madyo Wasono pinaringan lancar mboten wonten alangan setunggal menopo, liripun calon Temanten ingkang badhe daup saget dados keluarga ingkang sakinah mawadah warohmah,amin Amin yaa robbal alamiin..

Saklajengipun Kulo ingkang makili hanbok bilih anggen Kawulo matur, wonten tata boso ingkang kurang mranani wonten penggalih panjenengan Kulo nyuwun sih samudra pangaksami dumateng panjenengan.

Billahi Taufiq wal hidayah waridho wal Inayah Summa assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Sak lajengipun dumateng bopo kyai ingkang badhe Maos Do'a wekdal Kawulo sumanggaaken.

Tidak ada komentar: