Rabu, 28 Desember 2011

Tembang jawa ~syair wejangan GUSDUR

Syi'ir tanpo waton


ngawiti ingsun nglaras siiran
kelawan muji gusti pengeran
kang pareng rohmat lan kenikmatan
rino wengine tanpo pitungan
rino wengine tanpo pitungan

duh poro konco prio wanito
ojo mung ngaji syariat bloko
mung pinter dongeng nulis lan moco
tembe mburine bakal sengsoro
tembe mburine bakal sengsoro

akeh kang apal qur'an haditse
banjur ngafirke marang liyane
kafire dewe gak di gatek'ke
yen isih kotor ati akale
yen isih kotor ati akale

gampang kebujuk nafsu angkoro
ing paesing gebyare ndonyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nesto
mulo atine peteng lan nesto

ayo sedulur ojo ngelalekke
wajibe ngaji sak pranatane
njur ningkatake iman talqite
baguse sangu mulyo matine,
baguse sangu mulyo matine
,

kang aran sholeh bagus atine
karono mapan sari ilmune
laku toreqot lan makrifate
ugo haqiqot manjing rasane,
ugo haqiqot manjing rasane

alqur'an qodim wahyu minolya
tanpo di tulis biso di woco
iku wejangan guru waskito
den tancepake ing jero dodo
den tancepake ing jero dodo

kumantil ati lan pikiran
rasuk neng badan kabeh jeroan
mukjizat rosul dadi pedoman
minongko dalan manjinge iman
minongko dalan manjinge iman

kelawan allah kang moho suci
kudu rangkulen rino lan wengi
di tirakati di riyadohi
dzikir lan suluk ojo nganti lali,
dzikir lan suluk ojo nganti lali

uripe ayem rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
sabar narimo najan pas pasan
kabeh tinakdir saking pengeran
kabeh tinakdir saking pangeran

kelawan konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo ngesio
iku sunahe rosul kang mulyo
nabi muhamad panutan kito
nabi muhammad panutan kito

ayo nglakoni sekabehane
allah kang bakal ngangkat drajate,
senajan asor katon dohire
ananging mulyo makom drajate
ananging mulyo makom drajate

lamun palastro ing pungkasane
ora kesasar roh lan sukmane
ben nggadang alloh swargo panggone,
utuh mayite ugo ulese
utuh mayite ugo ulese

Tidak ada komentar: