Pesan - pesan bijak para leluhur Jawa / kata bijak orang jawa.
Kata bijak jawa adalah kumpulan kata bijak yang menggunakan bahasa Jawa dan dipastikan memiliki makna yang mendalam bagi pendengar yang menghayati kata - kata itu, dan di antara kata bijak jawa itu adalah :
- Eleng asale , Eleng baline. ( Mengerti betul darimana ia berasal, dan darimana ia akan kembali ).
- Eling Urip, Eling mati, Eling gusti.
- welas asihe manungso marang liyan, iku bakal ngundang roso welas asihe gusti marang awake dhewe.
- Ojo gampang kesirep rupo, Kabeh bakal dadi tuwo lan sirno.
- Urip iku Wang sinawang, seneng nyawang penake uwong lali penake dhewe, seneng dhuwene uwong lali dhuwene dhewe.
- Yen Urip iku koyo kekehan ( gangsing ) kudu diputer seng banter supoyo biso ngadeg jejeg, Yen kekehan iku mandeg mesthi bakal ambruk, Yen mutere Alon mesthi bakal sempoyongan.
- Wong sing biso sabar rikala susahe biso di ukur rikolo senenge, sopo gelem semendhe marang gusti senajan koyo opo kahanane bakal mulyo uripe.
- Gusti Allah iku ora sare, mung kadang manungso wae sing kerep ngeming ke.
- Eling iku senajan mung sak kedhepe moto, nanging keno kanggo modal ati - ati sedino.
- Ojo ngujo donyamu, lan Ojo nganti Leno Yen donyo ngujo awakmu.
- Tinimbang adu moto panas - panasan luwih becik adu esem ayem - Ayeman.
- Urip ora mung kepiye carane golek panguripan, nanging ugo kepiye supoyo biso nguripi lan gawe urup, lan ngerti sopo sing gawe Urip.
- Pontang - penting golek ilmu kanggo Urip sing ora suwe, nanging Ojo nganti lali golek laku kanggo Urip sing saklawase.
- Masalah Gedhe ayo di cilikno, masalah cilik Ojo di gedhek - gedhekno, Yen sejatine ora Ono masalah ojo di gawe - gawe.
- Luwih becik pinter lakonane, bodho omongane tinimbang pinter omongane bodho lakonane.
- Ojo kepingin sing gebyare ngawe - Awe nanging mung iming - iming ora nyoto, nanging sing sregep Sinau lan temenan anggonmu nyambut gawe Kuwi luwih nyoto asile.
- Sabar lan syukur iku ilmu sing angel lakonane, nanging sopo sing biso nglakoni sejatine kamulyan ganjarane.
- Kabeh seng bener kegaris pinasthi, yen watuk iku keno di tambang nanging Yen wata kegowo tekane Pati.
- Bandha pancen biso gawe tentrem, nanging tentrem iku luwih aji tinimbang bandha.
- Legawa dalane bejo.
- Tresno lan gematine konco iku bakal ketara nalika Podo - Podo susahe, pesenku Yen wis ketemu senenge ojo nganti lali dalane.