Selasa, 11 Juli 2017

Kumpulan kata mutiara - kata mutiara di film MAHABARATA



Film Mahabharata adalah sebuah drama seri dari Hindia yang mengisahkan perang besar antara Pandawa dan Kurawa, film ini sudah beberapa kali di putar di TV swasta Indonesia,dan kini diputar kembali di mncTV tiap jam 20.30 hingga jam 22.00.
Kisahnya yang menarik, dan pesannya yang mengesankan membuat orang tidak bosan menontonnya.
Banyak kata-kata indah yang dilontarkan dalam film ini bahkan dari tokoh antagonis sekalipun.
Dibawah ini adalah beberapa kata mutiara dari film Mahabharata dari dua episode yang saya tonton,yang menurut saya memiliki makna yang mendalam :

"Seseorang yang tidak memiliki kedamaian hidup tidak akan dapat memberikan kedamaian pada siapapun".
(Bisma )

"Seorang guru harus mengajari muridnya dengan keras,agar hati murid nantinya tidak keras seperti batu"
( Bisma )

Seorang pemimpin harus bisa mengukur kemampuan diri sebelum memikul tanggung jawab.
(Bisma )

Menikah dapat membuat seseorang  bertanggung jawab, tanggung jawab adalah guru yang terbaik.
(Setyowati, ibu tiri Bisma )

Mengembalikan wadah air yang sudah pecah tidaklah mudah, seandainya bisapun tidak akan seperti semula karena pasti meninggalkan bekas.
(Bisma )

Jika keadilan tidak ada di sebuah negeri, maka sebelumnya sebuah kebenaran telah meninggalkan negeri itu.
( Bisma )

Nilai sebuah mangga bukanlah dari bentuknya, tapi dari rasanya.
( Bisma )

Setiap air yang jatuh dari gunung akan mencari jalannya sendiri menuju ke lautan.
(Bisma )

Hanya ada satu cara untuk membersihkan noda hitam di kain yang putih, yaitu dengan mencucinya.
( Parasurama, guru Bisma )

Keberanian yang akan memberikan kemenangan, bukanlah senjata.
(Raja Gandara ).

Kata sia- sia yang keluar dari mulut bagai buah yang dipetik sebelum matang.
(Widura )

Jika kebaikan yang ada didalam hati seseorang maka baginya direndahkan ataukah di sanjung tidak ada bedanya.
(Pandu)

Kebenaran tidak akan mengarah kepada ketidak adilan.
(Bisma )

Sebuah perbuatan yang baik tidak boleh dimulai dengan kata "jika dan tapi."
(Raja Gandara)

Seorang istri harus berusaha mengerti apa yang dirasakan oleh suaminya.
(Putri Gandari )

Pohon yang disinari matahari lebih lama akan menghasilkan buah yang lebih bagus kualitasnya,sabarlahdalam menghadapi cobaan.
(Sengkuni )

Matahari tidak dapat diminta terbit atau tenggelamnya, begitu juga kelahiran maupun kematian keduanya adalah rahasia yang kuasa, akan tiba kalau memang sudah saatnya.
( Putri Gandari).

Saat air mengalir sangat deras ,pasti airnya tidak dapat di minum, saat diri dikuasai amarah yang begitu kuat maka tidak akan ada yang dapat diambil hasil dari keputusannya,oleh karena itu ambillah keputusan Saat hatimu tenang .
(Bisma )

Gambar apa yang terlihat dalam kaca bukanlah salah kacanya, tetapi salah isi yang ada dalam kaca itu. Seseorang yang dinilai kurang baik oleh orang banyak bukanlah salah orang yang menilainya, tetapi salah orang yang dinilai itu.
(Gandari )

Saat dua kayu terus digosok maka yang akan jadi adalah api, hutanpun akan terbakar menjadi debu, pertempuran tidak akan menimbulkan apapun kecuali kerugian bagi orang banyak.
(Yudhistira )

Mengabaikan kebenaran tidak akan pernah menguntungkan siapapun, dengan kata lain semua keputusan harus didasari dengan kebenaran.
#setelah karna mengabaikan  kebenaran dan berjanji mengikuti apapun keinginan duryudhana diapun akan merugikan banyak orang #.
( Karna ).

Terkadang kita harus mengesampingkan "Hak pribadi " saat ada orang lain yang lebih layak mendapatkan hak itu.
(Gandari )

Ketidakbahagiaan dapat mendekatkan semua orang, sedangkan kebahagiaan dapat membuat mereka berjarak.
( Gandari )

Tidak ada orang yang boleh berhati lemah, karena kebenaran tidak dapat bertahan lama di sana.
(Yudhistira )

Semoga sinetron- sinetron tanah air kita kedepannya bisa mengikuti jejak kisah Mahabharata bukan dari kisah dewa - dewanya , tapi mengikuti jejak Sebagai tontonan yang bisa memberikan tuntunan dan inspirasi bagi penontonnya.

Senin, 10 Juli 2017

Belajar menjadi MC / Sangunipun pranatacara soho pamedar sabdo



a. Amrih dados pranata cara lan pamedar Sabdo ingkang sae.
Tiyang ingkang pinitados dados pranatacara lan pamedar Sabdo Kedah saget merengkuh sarat utawi sangu supados jejibahan puniko lumampah kanthi sae.
Sarat utawi sangunipun pranatacara lan pamedhar sabda inggih puniko :
1) swara
2) Busana ( Ageman )
3) subasito ( trapsila / sopan santun )
4) basa lan sastra
1) swara
- kedaling lesan Kedah kagladi, supados saget langkung cetha medaling suwanten.
- Gladen lagu utawa wirama, magepokan kalian suwara lirih , andhap Inggil, serta dawa cendhaking swanten.
Pranatacara Saha pamedhar sabda Kedah saget mapanaken utawi nggunakake swanten ingkang awrat, cekapan ,utawi inggil trep kaliyan suasana.
- pranatacara Saha pamedhar sabda Kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara (ucapan ) langkung - langkung beda-beda mingsad mingsedipun ing Tembung lingga Saha Tembung andhahan.
- wirama ( lagu ) ugi kedhah saget dipun mirengaken kanthi sekeca, rindhik rikatipun, menggah mandapipun , sampun ngantos keseso, ananging ugi sampun ngantos nglentreh sanget.
- Gladi olah swara puniko Kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirunggan, amargi meniko dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara Saha pamedhar sabda.
Sedaya meniko kadiyo Amrih tlesih, trep, mungguh mapan.
2). Busana
.Ajining Rogo gumantung busana, Mila bebagan busana punika ugi kedhah pun Gladi saenggo jejibahan pranatacara Saha pamedhar sabda saget kalaksanaaken Kanti sae.
- Anggenipun ngadi busana meniko Kedah kajumbuhaken kalian keperluanipun wonten acara punopo ingkang badhe dipun ayahi.
-  Jejering pranatacara Saha pamedhar sabda saget ketingal ngrengreng menawi rinengga ing swanten, raga, lan busana ingkang pantes.
- Pangudining busana saget ngetrapaken kaliyan rupi, utawi wernining busana kaliyan kulit, ugi Make up , saenggo katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadyo kemawon.
3). Subasito (trapsila).
Subasito utawi trapsila Kedah dipun Gladi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kurang saget ngirangi kawibawanipun pranatacara Saha pamedhar sabda.
- Solah bawa sampun ngantos kedamel- damel,langkung sae bilih Solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb, ananging boten kaken utawi mboten kaku.
-  Ewah - ewahanipun pasuryan ugi Kedah kaudi ingkang Sedaya wau sageto nggambaraken isining penggalih , ingkang lajeng jumbuh kalian swasana.
Kadosta, bilih wonten ing pawiwahan Soho pahargyan pasuryan bingar, sumringah lan ramah awit Prastawa meniko wau ngemu suraos suka , kabagyan Saha kabingahan.
- Wondene menawi wonten ing sripah ,pasuryan kedah boten ketingal bingar, utawi sumringah, amargi punika tamtu boten jumbuh kaliyan swasono Soho Raos manah keluarga ingkang nembe nandhang dhukita utawi duka sungkawa.
4). Basa lan sastra.
- Ing Babagan basa Mugi kaginakaken basa ingkang trapsila , Wijang, prasaja ananging gampil katampi dening tamu ingkang midhangetaken serta sekeca kapiarsa.
- Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas utawi jejibahan pranatacara Saha pamedhar sabda.
- Basa ingkang kaginakaken Kedah miturut tuntunanipun Sastro ingkang leres . Pamilihing tembung , ingkang lajeng dipun ronce dados ukara Kedah trep , luwes, sae, wusana sakeca kamirengaken ing sanes.
- Kanti pangertosan pranotocoro Saha pamedhar sabda saget ndapuk mocap, tembung, u RWkara, Saha wacana Kanti leres tuwin Laras.

Tulodho panyandra :

1. Panyandra pengantin putri kalenggahaken :

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang puspawarno/sekarteja,ana ganda Arum hangambar katiyubing samirono mondo, lah puniko to jejuwitaning pahargyan ing siang/dalu puniko ,Putro putrinipun bopo/ibu ... Ingkang sesulihipun rara ... 

Medal saking sasana tepas wangi ngagem busana pengantin putri, hingayap ginarubyuk para sesepuh , manjing jroning sasana rinengga badhe kabiwadha.

Dhasar sulistyeng warni, tur nedheng-nedhenge besus ngadi Sarira tuwin ngadibusana, kathik kabiwadha Kedah mangagem busana satataning Putrining keraton , Pramilo boten mokal kalamun kathah ingkang sami tambuh. Lampah Ruruh hangujiwat ,semu daya - daya Enggal dumugiyo papan palenggahan . 
Sumengkaning raos ,wage wage ndang kliwono,gage gage Ndang temuo.

Sri pengantin putri hangagem Busono ingkang Sarwo retno, Hangemba busananing rajaputri , Katon pating gelebyar, pating pancurat lamun kasorot sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana Adi, pan yayah kartika hasilih pernah.
Gegulung malang rinengga oncen-oncen sekar melathi .
Cecundhuk sekar kanthil ,semu suka Sasmita tansah kumanthil-kanthil calon pengantin kakung.
Ageman kebayak baludru langking sinulam inenda lir Kencono rukmisatuhu.
Dodot Sidomukti sinepuh prodo binabar,amparan Rukmi sinulam benang jene .

Prapteng madyaning sasana pawiwahan kagyat ogora apindha sitaresmi , dene uninga sangyaning poro tamu kakung sumawono putri,wus kebak ber hambalabar angebeki jroning pawiwahan.
Marma sakedhap-kedhap tumengkul esmu lingsem nanging suka,mesem jroning batos hangraos lamun sadoyo ingkang hanjenengi sami hanglembana mring tembene kang winisudho.
Lulus Raharjo sowaning pinanganten putri,dupi wus prapteng unggyaning kang tinuju, dening pangembaning penganten putri Mulya kalenggahaken ing dhampar rinengga.
Wus lenggah Anggana raras. Anggana Sarira, raras kawuryan , hangrantu laksitaning adicoro.

2.Tuladha Panyandra sowaning Temanten kakung.

Kumenyar mawa prabawa, sumirat hambabar tejomaya,saya dangu saya cetha,soyo caket,saya ngalela.
Lah puniko ta tejaning Risang pinanganten kakung pun bagus...ingkang binayang kare mijil saking wisma palereman Kinanti manjing wonten sasana pawiwahan.

Gumebyar busananing putra penganten kakung,hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, nggem Kolok Kanigoro, Hangemba busananing Noto, lamun kadulu Katon agung,mrabu , miwah mrabawa.

Agung ateges kebak kaendahan ingkang Sanyoto adiluhung, mrabu ateges pindah jejaring Narendra kang menekan kawibawan luhur,
Mrabawa ateges sinung Prabowo Adi Endah milangoni.

Dampyak - dampyak poro kadang wandowo ingkang Samyo hingayap tindak iro Putro penganten kakung . pinanganten kakung nggenyo lumaksono lengkeh-lengkeh pindho singo lupo, riak hanggajah ngoling sapecak Mangu satindak kendhel, semu hangungun mulat Endah edining swasono ingkang hangrenggani tawinging wiwara
.
Wus handungkap unggyan kang tinuju , gya kendhel tindak iro wong agung kang pindho Narendra,w wonten sangajenging wiwara wismo pawiwahan,keparenging sedyo hangrantu laksitaning adicoro.

3.Tuladha Panyandra adicara Panggih Temanten.

Wus dumugi wahyaning mangsakala dumawahing pepesten,ing madyaning wismo pawiwahan siang/dalu puniko,wonten titahing gusti arupi Jalu Pawestri bangkit manunggalaken Karso, Arso ngancik ing alaming bebrayan hanetepi upacara adat Widi widono ingkang sampun sinengker inggih punika upacara Panggih, Panggih Hamengku werdi Pangudi gambuhing penggalih.

Lon lonan tindak iro Sri pengantin kekalih gyo Samyo apagut tingal, tempuking catur netro Maharani manunggaling karso , ginugah rasane amung sajugo kang cinipto,antuko Bagyo mulyo Wiwit ing donyo tekeng delahan.

Saya caket tindak iro Sri penganten kekalih ,nulyo kemlawe astane penganten putri Hambalang gantalan mring penganten kakung ingkang winastan Gondang kasih.
Semanten ugi pengantin kakung gumanti hambalang gantalan gondang tutur dumateng gegununganing manah.

gantalan meniko suruh ingkang temu rose ginulung ing saklebetipun isi Jambe nem, tinangsulan benang Lawe dene werdinipun manunggaling karso antawisipun Jalu Pawestri kadyo suruh lumah kurebe,dinulu seje wernane ginigit tunggal rasane.

Sangsaya caket lampahe sri pengantin sarimbit, anyaketi kendogo Kencono isi Tirto Wening, paweninganing kautaman katingal kambang kambang kumambanging Tri Puspito warno : Kanthil, melati, Sarto mawar.
Kanthil kumantiling katresnan Sri atmojo Temanten putri.
Melathi awit kedaling lathi Sri Atmaja Temanten kakung.
Mawar Arum gandane mangambar Wiwit donyo tekeng delahan.

Para rawuh penganten kekalih sampun tangkap asto,sigro anjengku Sri penganten putri ing ngarsanipun ingkang garwo , anyaketi kendogo Kencono, sakwusnyo Sri pengantin kakung hamecah hantigo sigro winijikan dening Sri pengantin putri,pratanda tan Ono kang pantes hangayomi, hanenuntun, hanganti keblating manembah kajobo sang binagus

Wus Paripurna upacara Panggih,sigro pengantin kekalih jejer sumanding sinengepan Sindur werno rekto lan Seto dening ingkang ibu,asung pralampita putra Temanten sarimbit , tansah tinuntun ing reh kautaman wani marang bebener Wedi marang kanistan.

Temanten sarimbit tumunten binoyong lampahe, rinangkul, kinempit kempit dening ingkang ibu jengkar saking Sasono Panggih tumuju mring palenggahan iro Kanti asesanti Joyo Joyo Wijayanti.
Laju lampahe kang pindho Narendra , dupi wus prapteng unggyaning kang sinedyo, inggih ing dhampar rinengga sigro lenggah jajar , Keket raket renggang gulo kumepyur pulut, sumunar cahyane, ilang sipating titah pindah dewaning Asmoro ngejowantah.