Senin, 19 Juni 2017

Budaya jawi~Nggiarno slametan 7 hari.

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh,
Alhamdulillahirobbil alamiin wa bihi nasta'inuhu ala umuriddun'ya waddin, washolatu ala asrofil anbiya'i wal murshaliin Sayidina wa Maulana muhammadin wa Alaa alihi wasohbihi ajma'in, laa Haula walaa quwwata Illa billahi aliyyil adzim,
Qolallohu ta'ala fil Qur'anil kariim,robbi syohli Shodri wayassirli Amri wahlul uqdatal millisani yafkohul kouli Ama ba'du,,
Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinurmatan, dumateng bopo kyai ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci,  dumateng poro tamu undangan ingkang dahat kinurmatan ugi.
Poro rawuh ingkang dahat kinurmatan,ing ngriki Kulo minongko dados sesulihipun bopo ... sekalian saperlu medharaken menopo ingkang dados hajatipun.
Nanging poro rawuh ,sakderengipun Kulo ngaturaken nopo ingkang dados hajatipun bopo..... (Ingkang keagungan hajat) sekalian,sumonggo Kito sesarengan nguntapaken Raos suka syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten nikmat ingkang arupi nikmat kesehatan,kesempatan langkung langkung nikmat iman lan Islam sahinggo Kulo dalah panjenengan sedoyo Tasik dipun takdiraken Allah SWT saget makempal wonten dalemipun bopo Suharto Kanti wilujeng mboten wonten alangan setunggal menopo menuhi nopo ingkang dados undanganipun,
Mboten katalompen sholawat Soho salam Mugi tansah kaaturaken dumateng junjungan Kito nabi agung Muhammad SAW,mugi Mugi Kulo dalah panjenengan sedoyo mbenjang ing Yaumil kiyamah saget pikantuk syafaatipun dipun akoni dados umatipun sahinggo saget nderekaken lampah labuhanipun.
Poro rawuh ingkang dahat kinurmatan,Bopo...... ( Ingkang keagungan hajat ) sekalian lumantar Kulo ngaturaken Gung panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng panjenengan ingkang kerso nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menopo ingkang dados undanganipun, bopo Suharto amung saget ndedongo mugi Allah mbales kesaenan panjenengan kelawan balasan ingkang langkung sae,
Saklajengipun bopo ... (Ingkang keagungan hajat ) nyuwun  pangapunten sak kathah kathahipun dumateng panjeneng sami, ambok bilih anggenipun paring pasugatan dalah panggenan kirang mranani wonten penggalih panjenengan.
Anggenipun bopo... (Ingkang kagungan hajat) ngaturi rawuh panjenengan Dalu meniko nun inggih nyuwun tambah barokah do'aanggenipun kagungan hajat, ewondene hajatipun bopo.. inggih meniko Bade kentun Do'a dumateng poro ahlinipun ingkang sampun ngrumiyini wangsul wonten jaman langgeng saking keluarga jaler lan keluarga estri wa bil khusus kentun Do'a dumateng almarhumah ibu... ( Yang di do'akan ) ingkang dinten meniko netepi Pitung dintenipun.
Mugi Mugi almarhumah ibu.... Pikantuk jembar kubure, Padang dalane, amalan amalan ingkang sae dipun tampi dening Allah SWT, lan dipun sepunten sedoyo kalepatanipun naliko Tasik wonten alam donyo.
Semanten ugi dumateng keluarga ingkang dipun tilar Mugi ALLAH paring kesabaran,ketabahan, ketetepan iman lan Islam gampil Gangsar anggenipun pados pangupojiwo tebih saking bapak billahi,
Mekaten ingkang saget Kulo aturaken hanbok bilih anggenipun kulo matur wonten kelepatan Kulo nyuwun agunging samudra pangaksami,
Billahi Taufiq wal hidayah, waridho wal Inayah Summa assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh,,
Acara saklajengipun inggih meniko badhe dipun wiwiti waosan yaasin ingkang badhe dipimpin bopo,,
Lan tahlil Soho barokah do'a ingkang dipun pimpin bopo,,
Wekdal Kulo sumanggakaken.

Tidak ada komentar: